Total Pageviews

Tuesday, 1 December 2009

Kepedhotan Tresno

Sawijining dina kancaku iki teka-teka senthuk-senthuk, matane abang, sembeb. Marang kancaku sijine (iki bolone) trus nrocos yen lagi bar diblenjani karo yange`."Apa coba sing ora dak wenehke, pangurbananku.......

Aku ora isoh urun rembug wektu kuwi amarga ora mudheng critane, dadi si 'nona' mung tak puk- puk pundhake.

Kedadeyan kuwi kira-kira sesasi kepungkur. Lha wingenane si 'nona' njedhul-njedhul matane sembeb abang maneh, ning ora nangis. Trus tak takoni "Bar diantemi sapa non?
( Aku jane ngerti nek dheweke bar nangis suwe, aku sengaja ngelucu, soale si Non atenane bocahe lucu)"Aku pedhot karo Kempling", swarane nggerem, mangkel. Trus nrocos maneh ngenani si Kempling. Aku ya mung bisa ngeneng-eneng. "Wis Non, kowe lak isih enom, dalanmu isih dawa. Sawijining dina kowe bakal ketemu jaka liya sing pas karo kowe."

"Pancen aku wingi karo kempling ki mung kesurung napsu", akune si Non.

Yen kita isih enom/rumaja ki kepedhotan tresno ki rasane kaya nek arep semaput kae lho critane. Mak prepet,jantung rasane mandheg, awak rasane adhem, ambegan sesek!
Nangis kuwi perlu! Nganti mata bengkak ra apa-apa. Nek wis rampung ya uwis. Trus mlaku golek dalan liya, dalan sing kebak pengarep-arep.

Lagu-lagu Indonesia buat B

Lagu-lagu ini udah tak ajarin ke B semenjak dia berumur 2 tahun, 3 kali nyanyi dia udah apal, dengan ejaan yang tidak terlalu pas.

1. LIHAT KEBUNKU

Lihat kebunku,penuh dengan bunga
Ada yang putih dan ada yang merah
Setiap hari kusiram semua
Mawar melati semuanya indah

2. BINTANG KECIL

Bintang kecil dilangit yang tinggi
Amat banyak menghias angkasa
Aku ingin terbang dan menari
Jauh tinggi ketempat kau berada


Kalo mau nyanyi lagu itu, B bilang" I want to sing mummy song'

Ilat Slencho

Yen liwat Mc Donald aku ki mesti pengin mampir liwat 'drive thru' ne,kadang malah nyelakke mampir mung kanggo tuku 'belgian chocolate brownie'-ne. Ana alesan khusus ngapa aku seneng brownie iki. Rasane! Rasane ki persis jenang ketan ala ndeso.Bedane mung rada mrepel.

Laptop oh Laptop

Komputer model ini pas pegang waktu pertama bikin deg-degan seperti ketemu orang yang ditaksir. Langsing dan kempling. Begitu sampai pengoperasian aku mulai sebel ama kesensitifannya, dan ngerasa capek ngegesek telunjuk sana-sini. Pake komputer gedhe yang pake 'tikus' lebih asyik, klik... klik...klik ...