Total Pageviews

Tuesday, 20 October 2009

Yen aku lagi rerasan 1

Saiki aku ki kan lagi nglemboro ceritane – tegese nglemboro ki lagi ana negara manca, oncat saka ndeso. Dasar cah ndeso , aku sok gumunan nek weruh bab-bab sing biasa nanging katon lucu lan ora pas, amargo nek ana ndeso pancen dadi lucu lan dadi guyon.

Jamanku isih enom lan generasiku, bocah-bocah ki nek nyandang ana etunganku ki rapi. Lha nek ora rapi simbok ki trus glorohi “ Nduk/Le sing klamben ki piye to? Mbok dibenerke!

Jaman saiki amarga gombalisasi dunia, ora mung cah enom sing klamben sapenake, sing tuwo yo ngono. Ben dianggep modis. Walah! Neng kene umure wanita sing isih seneng rok mini mundak sampe akhir patangpuluhan. Aku ora masalah soal iki asal pantes wae, aku seneng nyawang wanita isih seneng nyandang nganti tuwa.

Lha iki kan aku urip ana negara sing dianggep kiblate mode. Ning nek jenenge mode ki , arep neng ngendi wis, bali maneh tergantung sing ngaggo , duwe selera apa ora.

Bocah enom kene nek aku ngarani nyandange ora karu-karuwan. Lha nganggo lan milih jeans sing pas wae ora isoh kok.

Critane ngene: Wis kereppp banget aku mernahi cah lanang (umur 16 – 28?) , nek ngaggo jeans ki kok mlorot tekan setengah bokong. Ora disabuki. Trus nek mlaku kesane rada mekeh. Lha mandang mlayu ndadak digoceki.

Gandeng aku kerep meruhi, suwe-suwe aku mikir apa model toh ya? Walah nek tenan,
model kok sing nyusahke.

Trus bocah wadone, ana musim adhem ( suhu sekitar 15 mudhun ) kok ya isih nganggo rok mini trus ngganggo stocking. Nek pengin ngerti rasane, munggaho merbabu/bromo sore-sore liwat jam 5 , rasane podho. Mrinding gedhe-gedhe!

2 comments:

  1. mbak nglemboro girl, dhek mau aku yo bar nyawang tonggomu sing jenenge lady gaga, lunga mangan wengi iki nganggo sayak brokat ning ora diwenehi vooring pelapise kae, hla yo katon to pirangkat jerone sing jenenge cd lan kutang ireng. Aku mung nggagas, tekan ngomah mengko mbak ledi iki bakalan njaluk kerokan apa ora yo? hehehehehe

    ReplyDelete
  2. Lady kuwi golek jeneng wae kaya merek sarden,satenane mesti luwih seneng ra klamben kaya sarden he.. he..

    ReplyDelete